Skip to main content
“TRAGEDI BANCI KALEN”
BABAK I
Fade in:
Siluet sepasang muda mudi yang saling bercengkrama. Saling goda dan saling peluk. Kemudian duduk bersama,.. mesra sekali.
Fade out:

Fade in :
Setting panggung :
Panggung menggambarkan jalanan pinggir kali. Ada warung yang terdiri dari meja dan kursi seadanya. Ada penjual dan seorang pembeli yang sibuk membaca koran sambil menikmati kopi yang telah disuguhkan oleh penjual.
Dua orang perempuan lewat, salah satu di antaranya menggendong bayi. Mereka berjalan tergesa.
Tini : “seretno gendongan sampeyan yu… ojok sampek Dewik ucul teko gendongan sampeyan… seretno yu….”
Siti : “ iyoyo.. ono opo seh?”
Tini : “ wes talah pokoke seretno gendongan sampeyan. Dewik gendongen mburi ae.. kene tak ewangi yu..”

Mereka berdua sibuk untuk membetulkan gendongan. Sang bayi dipindah ke belakang. Kemudian mereka melanjutkan berjalan lagi dengan cepat. Setelah berjalan, tini meminta siti untuk berhenti. Tini langsung menunjuk ke arah pinggiran kali tempat suami siti dan seorang perempuan.
Tini : “ sssttt… iko lo yu.. tontoken ta… arek wedok iko loh yu… rangkulan ambe cak to… “
Siti : “ loh… kurang ajar !!”

Siti bergegas menghampiri kedua orang itu. Langsung saja ketika dirasa cukup dekat. Dijambaknya rambut perempuan itu.
Siti : “ kurang ajar… sundel!! Loh… kok copot…. Opo iki?”
Banci : “ eehhh… opo iki?.... sampeyan sopoooo?... “ (dengan nada melengking khas banci)
Siti : “ loh banci tiba’e koen… jangkrik .. lapo koen atek ngrangkul-ngrangkul bojoku? setan koen yo..!!”
Banci : “ eh jogoen lambemu…. De’e ngomong ga duwe bojo kok… masio banci aku ga nggrangsang yo.. “
Siti : “ alah… ngomongmu ae koyok ngono. Masio de’e ngaku duwe bojo koen paling yo sek nyosor ae.. atase banci ae kok…iki loh cindile de’e… tontoken matamu…”
(sang bayi hanya terdiam dan hanya melihat ibu dan bapaknya… )
Banci : “ trus lapo nek aku banci… masio aku banci ngene yo sek ayu aku timbangane awakmu. Awak yo sek bahenol aku… pantesan bojomu seneng ambek aku..”
Siti : “ raimu… ga enak ngomongmu… terusno.. ayo terusno, nek ga tak tampek lambemu… “
Banci : “ nyoh..”
Siti langsung menampar mulut sang banci. Sang banci langsung menyentuh mulutnya yang habis terkena tamparan. Menahan rasa sakit dan tangis, kemudian mereka saling cubit dengan saling memaki.. selang beberapa menit langsung dia berlari ngibrit meninggalkan medan pertempuran…
Banci : “ hua… tontok’e yo tak kandakno ibuku koen… tontoken…”
Siti : “ leh… mlayu… yo ngono mlayuo… kandakno… ibukmu… ancene sundel.. eh salah ancene bencong…. Kandakno ibukmu… bapakmu gowoen pisan. Kene tak tandangane..”

Karena beberapa orang mendengar suara orang yang berteriak-teriak memaki… satu dua orang mulai berdatangan ke lokasi. Sang suami yang hanya diam saja dari tadi mulai berdiri dan mengajak siti untuk pulang.
Suprapto : “ ayo dek… mulih ae..isin aku..”
Siti : “ opo isin… wong aku ga maling kok isin. Nek koen ancene mestine isin..”
Suprapto: “ isin di delok wong-wong iku loh…”
Siti : “ ealah… cak-cak… koen iku ga nontok ta olehku nyambut gawe isuk bengi ambek anakmu Gawe nginoni awakmu sak anak-anakmu dibelani sampek koyok ngono…. Delalah malah genda’an ambek banci. Ga ono wong wedhok liyo ta yoopo?! Salak raimu gak ganteng. Ilingo koen iku wes duwe anak. Ojok macem-macem koen yo…nek ga kepingin tak kethok manukmu..!”
Suprapto : “ wes dek… di njar-njarno omonganmu tambah gladrah…ayo mulih..”
( suprapto langsung menggandeng istrinya. Sang anak yang merasa ibunya diseret dengan paksa oleh sang bapak, mulai menangis)
Fade out:

BABAK 2

Fade in :
Setting panggung warung kopi. Dua orang suami istri paruh baya berjalan sambil tola-toleh. Kelihatan bingung mencari rumah seseorang. Kemudian berhenti di warung kopi tersebut.
Paman jamino : “ bener ta Ni omahe nang kene? Engkok bas salah. Lah sampah tok ngene… “
Yu Srini : “ bener Cak… aku dikandani jarene omahe cidek kali kene kok, jarene sek terus mlaku maneh mrono… tapi kesel aku Cak… ayo ngombe disek ae… iku loh ono warung… sekalian awak dewe iso takon.”
Paman Jamino : “ ngono yo apik… sekelku yo pegel tiba’e… tapi duwikmu kari piro? Aku mek nyekel 2.500 yoopo iki?”
Yu Srini : “ loh aku nyekel mek 3000 tok iki. Yoopo trusan? Tak pikir sampeyan sek nyekel akeh. Trus gawe mulih engkok yoopo…?”
Paman Jamino: “ halah gampang… engkok lak iso njaluk Prapto lak’an seh… saiki ayo ngombe disek…” (sang banci berjalan setengah berlari.. sambil menundukkan kepala… rupanya dia menangis)
Yu Srini : “ lo.. lo…lo… tontok’en tak wong wedok iku.. mlakune kok ngincik… kebelet ngising paling…”
Paman jamino : “ wong wedok endi? Banci iku… koen iku… arek kentole gede ngono diarani wedok… gawe nggepuk gerdu lak robo… kentol sa’onoe….”
(banci tiba-tiba langsung duduk diantara mereka)
Yu Srini : “ ialah dalah… alon-alon po’o mbak… sampek meh cuklek iki lo dingklik’e..”
Banci : “ sedih hatiku… oh… kemana harus mengadu… kenapa begitu sengsara hidupku?...”
Paman Jamino : “ ku lari ke hutan… lebat sekali pohonnya… pecahkan saja gelasnya… lambemu Cii… banci.. kemelippen…”
Yu Srini : “ ada apa anakku… wajahmu keliatan kusam, lemah, lesu, kering… perlu air… kene tak siram es teh iki… biasa po’o… ?”
Banci : “ yoopo ga nelongso aku iki… coba sampeyan bayangno.. nek wong utang iku kedune lapo? Coba jawaben Cak…”
Paman Jamino : “ kudune nyaur…”
Banci : “ iyo bener iku… nek wong utang iku duwe tanggungjawab nyaur… nek wong lanang iku kudune seneng ambe’ wong opo Cak?..”
Paman Jamino: “ senenge ambe wong wedok mestine….”
Banci : “ lah nek wong lanang mestine seneng ambe wong wedok.. trus wong wedok kudune seneng ambe wong lanang… lah model setengah setengah koyok aku ngene kudune seneng ambe sopo trusan?”
Yu Srini : “ seneng ambe seng podo setengah-setengah… koyok setengah demet setengah menungso… siluman contohne.. podo khan? Sing siji sikile lanang, ndukure wedok. Sing siji sikile jaran, ndukure menungso. Pas iku..”
Banci : “ halah ning cek tegoe sampeyan iku ngomong koyok ngono.. mosok aku kudu golek siluman disek…lak yo wedhi she aku… takut..”
Paman Jamino : “ nah nek asu munine koyok opo? Hayo saiki jawaben…”
Banci : “ yo… guk guk…?”
Paman Jamnino : “ seratus.. trus nek bapak tuku gulo nang pasar 5 kilo… rego sak kilone 3000 dari bapak kudu mbayar piro? Jawab’en…
Banci : “ gulo sak kilo 3000 trus tukune 5 kilo… dadi 5 ping 3000…. Yo 15.000. ga ngono iki maksute opo to?”
Paman Jamino : “ loh tak pikir iki maeng badek badek’an… lak bener la’an seh… iku metu nang ulangane anakku…”
Yu Srini : “ ga ngono iki maeng lapo kok moro-moro badek-badek’an. Asline awakmu kete ngomong opo sehhh…?”
Banci : “ ngene loh neng.. ono wong lanang… de’e iku utang aku duwik ning… eh bareng tak tagih kok malah aku disalahno bojone… jarene salahku katek ngutangno nang bojone… aku malah di kaplok ning… nang pipiku ambek lambeku.. iki loh tontoken lah abang branang kan?… aku disangkakno ngarang. Bojone ga tau ngutang aku. Aku wedhi ning mlayu aku. Trus aku ngomong nang sing wedok nek bakalan tak kandakno ibu ambek bapakku… eh malah de’e ga wedhi jarena kabeh kate di tandangi… wajare wong utang iku lak nyaur khan yo cak? Nah tak tagih kok malah aku sing di kaplok….”
Yu Srini : “ loh kok ngono dik… dadi koen maeng di kaplok gara-gara nagih utang? Cek Kurang ajare wong iku… trus kaetane ambek aku ambek bojoku opo?”
Banci : “ ngene loh ning, cak yo… aku iki lak wis ga duwe wong tuo. Tapi atiku loro cak… mosok aku di konokno meneng ae.. nah karepku… sampeyan-sampeyan iki pura-pura dadi bapak ibuku, trus tak ajak nang omahe wong iku. tulungono aku nglabrak wong iku….”
Paman jamino : “ yoopo? Nulungi nglabrak wong? Ga salah krungu ta kupingku? Balenono maneh dik.. nglabrak wong prasamu gampang ta? Nek pura-pura dadi bapak ibumu ngono ga opo opo… barek’an aku ga kenal awakmu. Yo ga kenal ambek wong sing kate mbok labrak. Lah nek aku di antemi wong sak kampung yoopo? Aku ae duduk wong kene... lak benjut kabeh aku. Koen seneng aku ambek bojoku bonyok…”
Yu Srini : “ iyo bener iku cak, salak awak dewe nggoleki omahe wong durung ketemu- ketemu, eh kate di ajak ngabrak wong. Salak awak dewe wis ga duwe duwik blas…. Yo cak… awak dewe lak gak duwe duwik yo wisan.” (memberi isyarat pada sang suami)
Paman Jamino: “ iyo… duwik wis entek.. etheng uwe…. Atok oyot… eeeehhh anuk aceng….”
Yu Srini : “ ngomong opo seh cak sampeyan iku?“
Paman Jamino : “ sepurane, Dik… salah ngomong aku. Iyo awak dewe ga duwe duwik. Mosok rek wetheng luwe di konkon nglabrak wong….”
Banci : “ ngomongoae Cak nek sampeyan butuh duwik. Tak ke’I Cak. Piro seh? Limang ewu ta? “
Paman jamino : “ duwik limang ewu iku gawe opo? Gawe tuku sandal japit ae oleh seseh…. Aku iki butuh gawe mangan sak ngombeku, rokokan... trus sangu moleh..”
Banci : “ yoopo nek sampeyan ambek bojo sampeyan melok aku ae.. tak ingoni yo… trus tak sekolahno. Enak gawe klambi abang putih nek isuk jange sekolah… cak..cak njaluke sampeyan kok malah ndakik. Prasane aku ngising emas ta?…. Tak ke’I 50.000 gawe wong loro. Gelem opo ga?”
Paman Jamino : “ yo wis yo wis gelem aku… pokoke ga athek acara nglabrak-nglabrak barang yo… dadi wong tuomu ngono ae..”
Banci : “ yo wis.. engkok pokoke aku ewangono…”
Paman Jamino : “ lah duwike endi?”
Banci : “ loh saiki ta? Nyambut gawene durung kok njaluk saiki!”
Yu Srini : “ yo saiki… lah engkok nek awakmu mlayu yoopo?”
Banci : “ ga salah ta neng.. ndang engkok nek tak ke’I duwik trus sampeyan minggat.”
Paman Jamino : “ ga… wis talah percoyo ambek aku…”
Banci : “ iyo yo… awas nek awake peno mbujuki aku… iki lo 50.000”
Paman Jamino : “ tak trimo yo… dadi wong iku utang duwik tapi ga gelem nyaur yo… aku dadi bapak ambek ibumu sing ga trimo nek koen di kaplok. Yo wis beres pokoke.”
Banci : “ saiki ayo mrono….”
Paman Jamino : “ loh saiki?”
Banci : “ yo saiki cak… mosok ngenteni kiamat? Ayo budal..”
Paman jamino : “ ayo..”

Babak III
Fade in :.
Setting panggung : rumah reot yang ada Cuma satu meja tak ada kursi dan tempat tidur. Ada poster perempuan setengah telanjang di salah satu dindingnya. Sampai di rumah suprapto langsung saja mendudukkan siti. Siti masih saja ngomel ga jelas….

Siti : “ nek awakmu mulai ga doyan ambek aku ngomongo… karuan aku tak mulih nang omah ibuku. tapi cek kebacute awakmu iku, mbok yo golek sing apik titik. Banci-banci yo disasak…. “ (sambil menenangkan anaknya yang masih menangis)
Suprapto : “ lambemu seng enak nek ngomong…. Ojok ga gawe aturan ngono. Lagian nek aku selingkuh ambek de’e lak enak seh… pasti de’e ga mungkin meteng. Ambek’an Jarene wong-wong iku nek gak mani seng asli yo seng setengah-setengah disek. Lah waniku mek ambek seng setengah-setengah koyok ngono kok. Setengah wedhok setengah lanang…. “
Siti : “ yo apik jawabanmu… kate anggar ta koen?!” (mondar mandir menenangkan anaknya)
Suprapto :” emboh aku yo durung ngerti yoopo carane ambe arek iku… durung sempet tak pikir e… lah nek awakmu ngerti aku kandanono po’o….”
Siti : “ ooohhh… bagus kelakuanmu… aku mbok konkon nguru’I sisan… tak bacok koen engkok!!”
Suprapto : “ halah ngono ae kok di gawe serius seh…. Guyon-guyon… aku loh mek iseng ambek de’e… wes talah aku cinta padamu pokoke…. a lop yu ma darling..”
Siti : “ prek!!!”

Siti menaruh bayinya yang sudah tertidur ke tempat tidur. Pertengkaran itu tiba-tiba sudah hilang begitu saja. Tak lama kemudian terdengar suara sang banci.
Banci : “ eh metuo koen.. iki loh tak gawakno bapak ambek ibuku… metuo koen nek wani!”
Paman Jamino : “ kene sopo sing mari ngaplok anakku! Metuo! Anak wis banci kok di kaplok…”
Banci : “ ga usah di tambahi banci ngono ta Cak, anak sing ayu dewe ngono loh..”
Paman Jamino : “ yo… anak sing banci tapi ayu ngene kok di kaplok..”
(mendengar suara dari luar. Prapto langsung keluar.)
Suprapto : “ tak kandani awakmu iku ojok golek perkoro… loh sampeyan, Man? Lapo sampeyan ambek banci iki?”
Paman Jamino : “ loh awakmu To? Omahmu kene ta? Aku maeng ambek bebekmu iku nggoleki omahmu ga nemu-nemu…iku bebekmu.”
Banci : “loh sampeyan kenal ambek wong iki? Loh yoopo seh? Pokoke labrak’en aku wis mbayar sampeyan kok….”
Paman Jamino: “labrak’en labrak’en.. dulur dewe kate dilabrak… ponakanku iki. Yo iki maeng sing omahe tak goleki…”
Suprapto : “ dik metuo dik.. iki loh ono paman ambek bebek mrene…. Ambek banci maeng…”
Siti : “ loh ono paman ambek bebek... lah lapo barang kene’an iki ngetok mane? Meden-medeni ae… anakku wis turu ga usah mbok wedeni..”
Banci : “ prasamu memedi ngono ta aku?... loh cak ageh senenono arek iku… maeng de’e sing ngaplok aku… ageh cak.. neng.. senenono!”
Yu Srini : “ senenono dewe.. iku loh ponakanku…”
Suprapto : “ asline iki koyok opo sih? Kok malah sampeyan dikonkon nyeneni aku ambek bojoku iku lapo? Kok ketemu ambek banci iki loh ceritane yoopo?”
Paman Jamino : “ ngene loh ceritane… aku maeng lak ambek bebekmu goleki omahmu durung ketemu. Lah trus mandek nang warung tuku ngombe. Eh ketemu ambek barang kene’an iki. Lah trus de’e ngomong nek koen iku duwe utang nang de’e.. tapi ga gelem bayar. Trus jarene bojomu yo mari ngaplok de’e…”
Siti : “ loh kok ngono ceritane?”
Paman Jamino : “sek talah tak tutukno disek olehku cerito… engkok ludrukan iki ga buyar buyar nek mbok selat terus….”
Siti : “ oh iyo iyo Man, tak rungokno.. aku asline yo wis sumuk iki… hei pak sutradara ga ono adegan sing aku ngombe es teh ngono ta? Ngelak je…”
Paman Jamino : “ lah terus de’e njaluk tulung aku ambek bebekmu pura-pura dadi wong tuone… trus diajak nglabrak awakmu….”
Suprapto : “ trus sampeyan gelem?”
Paman Jamino : “ yo gelem… lah wong aku dibayar kok. 50.000.”
Siti : “ oalah Man… Man… ancene sampeyan iku nek pekoro duwik nyatek ae… lah yo untunge kok tiba’e dulur dewe sing kate di labrak. Lah nek wong liyo iso iso sampeyan malah sing kene prahoro…. Watoto… perkoro…”
Paman Jamino : “ aku maeng yo rodo’… rodo’ mikir ngono tapi duwik e… yoopo maneh? Kadung moto peteng e…”
Siti : “ sampeyan dikandani nek bojoku ngutang duwik nang de’e ngono ta? Mbujuki iku… bojoku iku ga ngutang.. asline de’e ngono kudu seneng ambe’ cak To, kebimbang. Trus maeng ketemon aku ngrangkul-ngrangkul bojoku teko mburi… nang pinggir kali kono loh.. trus tak kaplok.. ga salah khan aku. Lah wong iku bojoku…”
Banci : “ eh… aku iki loh tulungono, sampek garing koyok iwak asin ngene… nasibku iki koyok opo? sampeyan iku wis tak ke’I duwik…. Perjanjiane maeng loh… ilingo.!”
Yu Srini : “ loh dadi koyok ngono… ooo.. koen ancene sundel… golek’o sing podo setengahe kono loh.. siluman opo demet sisan…. Wis cak balikno duwike..”
Paman Jamino : “ ooo… dadi ngono klakuanmu… apik tenan dik….. gaplek di bumboni, wong tuek dibujuki…. Nyoh duwikmu…. Ndang ngaleh opo pethali nang kene sisan koen!”
Banci : “ tapi ilingo perjanjiane, Cak… perjanjian…”
Paman Jamino : “ pernjanjian opo… eh ga ngaleh-ngaleh… jupukno guntinge seng To, tak pethalane banci siji iki!”
Banci : “ aaaaaaaaaaa……………. Tulung….. keluarga edan… awas koen kabeh yo titenono… tak kandakno mbahku yo…”
Siti : “ hahaha… saiki malah kate dikandakno mbah’e…. sopo maneh iki jange sing dadi mbah’e?”

Black out

Fade out
Setting panggung warung kopi pinggir jalan. Seorang kakek-kakek tua berjalan dengan tertatih-tatih. Kemudian sang banci lewat dengan tergesa-gesa, setelah melewati sang kakek dengan jarak setengah meteran sang banci berhenti dengan mendadak, menoleh ke arah sang kakek sambil tersenyum.
Black out

Comments

Popular posts from this blog

hai

hai, buanglah puntung rokok pada tempatnya mengunjungi blog ini kembali, setelah sekian lama saya telantarkan. saat ini menjelang pagi dan tiba-tiba saja saya sangat ingin belajar menulis kembali meski harus mengenali kembali tampilan dan juga bagaimana harus memposting dalam blog ini. sebagai langkah awal barangkali saya akan mengucapkan selamat datang pada diri saya sendiri dan tentu saja, jangan lupa bersenang-senang .